:

Musthikaning Kidung 7

1

Dhuh putri kang luhur ing budi,

iba endahe lakumu karo nganggo sandhal iku,

solahing cethikmu kaya rerenggan,

gegaweaning tangane seniman.

2

Pusermu pindha bundering bokor,

kang tan lukak isi anggur cinampur.

Padharanmu kaya gandum tinumpuk,

kinubengan ing kembang bakung.

3

Payudaramu lir anak menjangan loro,

kadya anak kidang kembar.

4

Gulumu pindha menara gadhing,

mripatmu kadi telaga ing Hesybon,

cedhak gapura Batrabim;

irungmu kaya menara ing Libanon,

kang madhep marang ing kutha Damsyik.

5

Sirahmu kadi gunung Karmel,

rambuting sirahmu wungu semu abang;

sawijining ratu kecanthol ing klabangane.

Manising tresna 6

Kowe iku sulistya lan endah banget warnamu,

heh kang kinasihan ana ing satengahing kang gawe seneng.

7

Wanguning awakmu kadi wit kurma,

lan payudaramu pindha dhompolane.

8

Tembungku: “Aku kepengin menek ing wit kurma iku,

lan nyekel dhompolan-dhompolane.

Payudaramu kaya dhompolan anggur,

lan napasing irungmu lir woh apel.

9

Tembung-tembungmu manis kaya anggur!”

Anggur iku malah mili marang ing kekasihku tanpa leren,

luber marang ing lambening wong-wong kang lagi padha turu!

10

Aku iki duweke kekasihku,

kayungyunne tumuju marang aku.

11

Dhuh kekasih kawula,

sumangga sami ameng-ameng dhateng ara-ara, nyare wonten ing satengahing sekar pacar!

12

Sumangga, sami ameng-ameng dhateng ing

pakebonan anggur ing wanci umun-umun,

lan mirsani punapa witipun anggur sampun medal kuncupipun,

punapa sekaripun sampun mekar,

wit-witanipun dlima punapa sampun sekar!

Wonten ing ngriku kawula badhe ngesokaken

katresnan kawula dhumateng Paduka!

13

Gandanipun woh dhudhaim ngambar,

sacelaking kori kita wonten woh-wohan maneka warni ingkang eca,

ingkang sampun dangu lan ingkang saweg kemawon kapethik.

Punika sampun kawula simpen kagem paduka,

dhuh kekasih kawula!

Link: